Laman

Kamis, 25 Oktober 2012

#Pawarta
Pawarta yaiku katrangan babagan prastawa utawa kedadeyan kang lagi anget anget e kang dilaporake.

Perangan kang wigati ing pawarta :
- Penting, tegese duweni ukuran hebat ana gandheng cemenge karo bebrayan agung
- Aktual, tegese pawarta iku isih anget-anget e utawa isih dadi rerasaning masyarakat
- Konflik, tegese pawarta duweni permasalahan
- Cepet, tegese pawarta iku kudu cepet kababar ana ing masyarakat
- Jeneng, pawarta iku kudu ngenani jenenge priyayi kang kawentar
- Unik, pawarta iku kudu arang kedadeyane, nggumunake.

Sumber : Buku Catatan Cara nanggapi pawarta :
. Tanggapan kudu singkat
.  Prakara kudu cetha
. Migunakake tembung-tembung kang gampang dimangerteni
. Migunakake ukara kang logis


#TEMBUNG LINGGA LAN TEMBUNG ANDHAHAN

Têmbung Linggå
Inggíh punika têmbung íngkang dèrèng éwah sakíng aslinipún:
- tulis, turu, tuku.

Têmbung Andahan
Inggíh punika têmbung íngkang sampún éwah sakíng lingganipún:
- tulis dados nulisi,
- turu dados nurokaken,
- tuku dados daktukoni.

Têmbung lingga sagêd éwah dados têmbung andhahan, sabab:

1. angsal wéwahan:
a. dipun wéwahi ing sangajenging tembung wéwahan,
wéwahan sangaj
êng têmbung naminipun Atêr atêr:
m, n, ny, dak, ko di, ké, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami
b. dipun wéwahi ing sawingkingipun t
êmbung,
wéwahan sawingkinging t
êmbung naminipun Pênambang:
ku, mu, é, èn, an, i, aké, a, na, ana, né.
c. angsal s
êsêlan: in, um, jupuk – jinupuk,
gantung – gumantung.

2. dipun rangkêp: a. sadaya: watuk – watuk, bola –bali b. ngajêng: têtuku c. wingking: cêngèngès.

3. dipun campur (cambor) kaliyan têmbung sanès:
baya – pakéwuh.

4. dipun cêkak (wantah) : dhuwit – dhit.
Sumber :http://novan28.blogspot.com/2011/03/tAembung-lingga-lan-andahan.html
#Geguritan
Geguritan yaiku karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg.
Tuladha 


Cerita Saka Manca

ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti

Sumber LKS Basa Jawa Kelas XI

#Wawancara
Wawancara yaiku pitakonan kang dilakokake wong 2 utawa luwih kang salah sijine dadi narasumber, supaya antuk informasi.
Ing Pasar Kranggan Jogjakarta rame wong dol-tinuku. Ing kios kidul dhewe sing cedhak dalan gedhe duweke Bu Harjo (jeneng sesinglon) lan sandhinge maneh ing sisih lore kiose Bu Jum (uga jeneng sesinglon). Ing sawijining dina, Bu Harjo lan Bu Jum padha ngendikan kedadeyan sing lagi wae rame ing Pasar Kranggan, yaiku anane maling nyolong banjur konangan terus dikepruki nganti mati. Kekarone jagongan nggunakake basa Jawa ngoko alus. Kepriye pangandikane kekarone bisa disimak ing ngisor iki.
Bu HarjoJeng, mau bengi ing kiose dhewe iki ana maling, nanging banjur kecekel, panjenengan pirsa ora Jeng?
Bu JumOra ngerti ki Mbakyu, lho Mbakyu pirsa saka sapa?
Bu HarjoNgerti wae wong dikandhani saka keamanan pasar kene lewat telpon.
Bu JumJam pira Mbakyu dibel karo keamanan pasar?
Bu HarjoKira-kira jam loro bengi kok Jeng.
Bu JumBerarti lagi pules-pulese sare ya Mbakyu.
Bu HarjoLha iya, aku lagi angler-anglere turu kok ana telpon, dakkira apa ta apa. Lha panjenengan ora dibel pa Jeng?
Bu JumAku ora dibel ki Mbakyu! Banjur kepriye malinge.
Bu HarjoWadhuh, ngendikane keamanan, tatune arang kranjang, amarga diantemi wong akeh.
Bu JumApa pehak kapolisen ora mireng ya Mbakyu?
Bu HarjoDakkira ya mireng Jeng, mungkin wae telat anggone tindak mrene.
Bu JumLha iya, nyolong wae tohe nyawa. Mendhing korupsi ya Mbakyu, ukumane entheng, paling pirang taun.
Bu HarjoIya Jeng, apa maneh yen ora konangan, bebas ukuman.
Bu JumHa ha ha…..

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar